WASPADA LURR! MODUS ANYAR MALING MOTOR

Warta ngapak 06 Jul 2026 06:47 1 min read 17 views By Team warta ngapak

Share berita ini

WASPADA LURR! MODUS ANYAR MALING MOTOR
MALING MOTOR nganggo KUNCI T NANG PARKIRAN PASAR GOMBONG

Ana 2 kejadian maling motor nganggo kunci T kedaden minggu iki. Sing pertama dina Senin jam 11.00, sing kedua Rebo jam 09.30 WIB.

 

Miturut keterangan korban sing jenenge Mas Joko warga Kuwarasan, motore Honda Beat parkir 15 menit tok, pas bali wis ra ana. "Aku parkir nang ngarep los sayur, kuncine tak dobel. Balik-balik wis ilang. CCTV-ne jare mati," ujar Mas Joko karo ngelus dada.

 

Miturut petugas keamanan pasar, pelakune 2 wong nganggo helm full face lan jaket. Aksine cepet banget, mung 30 detik. *TIPS BEN MOTOR ORA DIMALING:* 1. `Parkir nang panggonan sing ana tukang parkire` 2. `Kunci dobel + kunci gembok cakram` 3. `Aja ninggal kunci nang motor, sedetik bae` 4. `Foto nopol motormu, go jaga-jaga` Polisi Polsek Gombong wis olah TKP lan nyebarno ciri-ciri pelaku. Sing weruh bisa langsung lapor 110. Warga diimbau ben tansah waspada. Ojo ngandelna kunci stang tok ya lurr.

 

PIYE PENDAPAT RIKA? SETUJU ORA NAMBAH PETUGAS PARKIR? Komentar ngisor. Share ben dulur-dulur sing sering nang pasar ngerti ya.

#ngapaknews #kriminalgombong #waspada #malingmotor

Komentar (0)

Belum ada komentar.

Ad
Promo Juli 2026
Portal Rakyat
Chat with us on WhatsApp